Démografi. Aljazair duwé cacah sing ndunungi 34.895.000 (prakiran Januari 2010), ya iku 99% minangka ètnis Arab utawa Berber. Turunaning para pangungsi saka Andalusia, uga ana ing populasi sing ndunungi Aljir lan kutha-kutha liya. Mèh ora ana wong-wong katurunan Éropah ing Aljazair, sapérangan gedhé wis pindhah sawisé kamardhikan nagara iku saka Prancis.
